SRI SADANA
Sang Prabu Srimahapunggung ing purwacarita kagungan putra asma Raden Sadana. Raden Sadana rikala samana wis diwasa, mula banjur didhawuhi krama dening ramane. Raden Sadana puguh ora kersa, ndadekake dukane ramane, wekasane ditundhung, ninggal praja Purwacarita.
Kocapa ingkang mbakyu asma Dewi Sri, sapungkure ingkang rayi tansah sungkawa nganti ora kersa dhahar lan sare. Saking susah lan judheke menggalihake ingkang rayi, mula banjur lolos ninggal kadhaton. Tindake kalunta-lunta, njajah desa milang kori, bebayaning dalan lan rekaosing salira ora dirasakake. Ing telenging manah, mung siji sing dipenggalih yaiku ketemune Raden Sadana.
Dewi Sri tindake tekan alas Roban. Ing alas kasebut ana sawijining ratu wujude buta jenenge Prabu Pulaswa. Prabu Sulaswa kasmaran karo Dewi Sri, banjur utusan buta Kalandaru supaya nggondhol Dewa Sri. Dewi Sri tindake tansah mompar-mampir ing omah-omahe wong tani, saperlu paring piwulang laku-lakune wong tetanen. Kocapa saben buta Kalandaru wis tekan desa kang diampiri Dewi Sri, dheweke ketungkul mangan sajen-sajen iku mau.
Dewi Sri tindake saparan-paran iku didherekake dening ken Patani. Amarga saka jenenge ken Patani iku, senthong tengah kang kanggo wadhah sajen katur Dewi Sri, diarani patanen, tur ora dituroni. Dene wong-wong kang nurut dhawuhe Dewi Sri diarani wong tani.
Buyut Wangkeng kang dadi tetuwane wong-wong desa kang diampiri Dewi Sri, tansah ngalang-ngalangi lakune buta Kalandaru, wekasane Dewi Sri slamet nganti bisa ketemu karo keng rayi Sadana. Sabanjure buta Kalandaru disirnaake nganggo panah angin. Sawise iku Dewi Sri lan Sadana nerusake anggone paring piwulang bab tetanen marang wong tani. Dewi Sri lan Raden Sadana bola-bali diwelingake supaya kundur, nanging puguh ora kersa. Bab kang mangkono iku andadekake dukane ingkang Rama. Wusana Dewi Sri disotakake dadi ula sawa, dene Raden Sadana disotakake dadi manuk sriti. Suwe-suwe sakkloron, amarga oleh kawelasane Dewa, bisa ruwat, malih widadara lan widadari, dadi pangayomane para tani.
Tumekaning saiki isih akeh para kadang tani saben mentas panen padha slametan bersih desa kanthi nanggap wayang Sri Sadana. Slametane sanajan wis pepak, isih padha gawe ambengan beras lan liya-liyane sing diwulangake dening Dewi Sri.
Nanging, saiki padha ngertia. Tatacara kasebut akeh sing wis ninggalake jalaran ora ditemu nalar. Saupama isih ana kang nindhakake, ora prayoga yen dipaido. Awit ngertia pangandel iku gedhe paedahe. Wong tumindak kanthi mantep, sadalan-dalan ya kebeneran. Beda yen tansah kuwatir ya ana-ana wae sandhungane.
No comments:
Post a Comment